Sisifos - Wikipedia Sisifos Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa Menyang navigasi Menyang panggolèkan Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel Wikipédia Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. Hukuman Sisifos. Wonten ing mitologi Yunani, Sisifos (Σίσυφος) inggih punika laré saking Aiolos lan Enarete [1]. Sisifos punika garwanipun Merope ugi kalebet pendiri lan raja Efira, Korintus. Miturut sumber sanèsipun, Sisifos punika bapak saking Odisseus saking hubunganipun kaliyan Antiklea. Isi 1 Wonten ing mitologi 2 Hukuman Sisifos 3 Réferènsi 4 Pranala njawi Wonten ing mitologi[besut | besut sumber] Sisifos punika nglampahi dagang lan pelayaran, nanging piyambakipun punika tiyang ingkang gadhah sipat tamak lan kemaruk. Sisifos asring matèni wisatawan ugi para dhayohipun. Miturut Homeros, Sisifos punika tiyang ingkang licik sanget. Kajawi punika Sisifos saré kaliyan purunanipun piyambak, ngrebut tahta sedhèrèkipun, lan mbocoraken wadi (rahasia) Zeus. Awit saking punika, Zéus paring dhawuh dhateng Thanatos (déwa kematian) supados ngurung Sisifos ing Tartaros. Nalika Thanatos badhé ngranté Sisifos, Sisifos nyuwun dhateng Thanatos supados nyobi rumiyin ranté mau kanggé nedahaken cara kerjanipun. Sasampunipun Thanatos ngranté awakipun piyambak, Sisifos banjur ngunci saéngga Thanatos kajebak ing ranté punika. Awit saking punika damel boten wonten manungsa ingkang tilar donya. Ares ingkang rumaos mangkel amargi boten wonten manungsa ingkang mati ing peperangan banjur mbébeasaken Thanatos lajeng damel Sisifos tilar donya. Sadèrèngipun Sisifos tilar donya, piyambakipun nyuwun garwanipun supados boten dipunkubur lan kauncalaken mayatipun ing tengahing reraméan. Garwanipun nyaguhi menapa ingkang dados panyuwunipun Sisifos. Sasampunipun mati lan dugi ing donya bawah, Sisifos mbujuk Persefone, ratu donya bawah, supados paring ijin kanggé medal sekedhap dhateng alam manungsa lan dukha marang garwanipun amargi boten paring panguburan ingkang saé. Persefone paring ijin lajeng Sisifos kondur marang Korinth. Nanging Sisifos boten purun kondur malih ing donya bawah lan tetep péngin wonten ing alamipun manungsa. Pungkasan Sisifos dipunbeta kanthi peksa déning Hermes. Wonten ing versi sanèsipun, Sisifos matur dhateng Persefone bilih Sisifos dipunbeta ing Tartatos amargi wonten klèntu lan nyuwun piyambakipun dipundamel bébas.[2] Hukuman Sisifos[besut | besut sumber] Ing Tartaross, Sisifos dipunhukum supados ngangkat watu ingkang ageng dhateng nginggiling bukit. Sasampunipun dugi wonten nginggil, watu mau ngglundhung mangandhap saéngga Sisifos kedah ngangkat malih makaten seterusipun. Réferènsi[besut | besut sumber] ↑ (id) http://humaniora.kompasiana.com/edukasi/2010/10/25/1/301374/bagai-menanggung-hukuman-sisifus.html , Sisifos (dipunakses tanggal 1 Fèbruari 2013) ↑ Bernard Evslin's Gods, Demigods & Demons, hal 209-210 Pranala njawi[besut | besut sumber] Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Sisyphus. Wikibooks Mitologi Yunani gadhah kaca kanthi sesirah Sisifos Sisifos di Encyclopedia of Greek Mythology Sisifos di Encyclopedia Mythica Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sisifos&oldid=1468058" Kategori: Artikel sing prelu dirapèkaké Dhésèmber 2018 Raja wonten ing mitologi Yunani Mitologi Yunani Kategori ndhelik: Kaca mawa masalah skrip Kategori Commons mawa pranala lokal béda karo sing ana ing Wikidata Menu navigasi Piranti pribadi Durung mlebu log Parembugan Pasumbang Gawé akun Mlebu log Mandhala aran Artikel Parembugan Varian Praèn Waca Besut Besut sumber Deleng sajarah Liyané Golèk Pandhu Arah Tepas Paguyuban Warta anyar Owahan anyar Kaca anyar Kaca sembarang Pitulung Nyumbang dana Angkringan Bak wedhi Piranti Pranala mréné Owahan magepokan Unggah Kaca mirunggan Pranala permanèn Katerangan kaca Nyitir kaca iki Wiji Wikidhata Cithak/èspor Gawé buku Undhuh PDF Vèrsi cithak Ing proyèk liya Wikimedia Commons Ing basa liyané Afrikaans العربية مصرى Asturianu Azərbaycanca Boarisch Беларуская Български বাংলা Brezhoneg Bosanski Català کوردی Čeština Чӑвашла Dansk Deutsch Ελληνικά English Esperanto Español Eesti Euskara فارسی Suomi Français Gaeilge Galego עברית Hrvatski Magyar Հայերեն Bahasa Indonesia Íslenska Italiano 日本語 ქართული Қазақша 한국어 Latina Lëtzebuergesch Lietuvių Македонски မြန်မာဘာသာ Plattdüütsch Nederlands Norsk nynorsk Norsk bokmål Occitan Polski Português Română Русский Scots Srpskohrvatski / српскохрватски Simple English Slovenčina Slovenščina Shqip Српски / srpski Svenska ไทย Türkçe Українська Tiếng Việt Winaray 吴语 中文 Besut pranala Kaca iki pungkasan diowah nalika 07.21, 6 Dhésèmber 2018. Tèks iki cumepak kanthi Lisènsi Atribusi-DumSaèmper Creative Commons; paugeran tambahan bokmanawa uga lumaku. Wacaa Paugeran Panganggo kanggo rerincèné. Niti privasi Bab Wikipedia Sélakan Praèn punsèl Juru pangembang Statistik Pernyataan kuki